Miedes istimewa & Teh Gurah.

Kamis, 18 Mei 2023

PITUTUR APIK

 *PITUTUR APIK TENAN*


*Wong Nrima, Uripe Dawa*

*Wong Sabar, Rejekine Jembar*

*Wong Ngalah, Uripe bakal Berkah*


*Sapa sing Jujur, uripe Makmur*

*Sapa sing Sulaya, uripe Sengsara*

*Sapa sing Sombong, amale bakal Kobong*

*Sapa sing Telaten, bakal Panen*


*Aja padha Nggresula, mundak gelis Tuwa*

*Sing wis Lunga, Lalekna*

*Sing durung Teka, Entenana*

*Sing wis ana, Syukurana*

*Iki pituture wong tuwa, aja nganti lali, eling-eling ana lan lakonana..*


*Sehat kuwi yen*:

*🔸Awake waras,*

*🔹Nduwe beras,*

*🔸Utange lunas,*

*🔹Mangan enak..*

*🔸Turu kepenak..*

*🔹Ngibadah jenak..*

*🔸Tangga semanak..*

*🔹Keluarga cedhak..*

*🔸Bandha cemepak..*

*🔹Suwarga mbukak..*

*🔸Sedulur grapyak..*

*🔹Ana panganan ora cluthak..*

*🔸Ketemu kanca grapyak*

*🔹Ora seneng nggetak-nggetak*

*🔸Gaweane ora mung macak*

*🔹Apa maneh mung mencak-mencak*

*🔸Karo kanca ya semanak*

*🔹Omongane ora tau sengak*

*🔸Di rungokke ya kepenak .*


*Dishare luweh apik lan becik*.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar